Wednesday, May 28, 2008

SIAM, AWRAT PUNAPA GAMPIL ?


Bambang Harjamto, Yustinus



ATUR PAMBUKA
Agami dados sumbering kautaman ingkang wigati ing tengah-tengahing masyarakat, amargi taksih wonten gandheng raketipun kaliyan gesang padintenanipun masyarakat. Agami ugi dados sumber tuntunanipun manungsa anggenipun nindakaken pakaryan pribadinipun utawi ing salebeting masyarakat. Inggih agami ingkang dados sumbering semangat batin ingkang ageng ing salebeting gesang manungsa.1
Agami minangka institusi gesangipun manungsa ugi nggadhahi maneka warni tata cara adat lan ritus, salah satunggalinipun inggih punika siam. Siam dados salah satunggaling ritus kangge mujudaken iman kapitadosan dhumateng Gusti Allah. Tembung siam punika ngemu teges umum sanes dhahar lan ngunjuk kanthi sengaja.2 Wonten ing basa Ibrani tembung siam punika dhasaripun saking tembung tsum, tsom, lan inn nafsyo ingkang ngemu teges andhap asor lembah manah. Wonten ing basa Yunani saking tembung nesteia, nestevo, lan nestis ingkang ngemu teges sesirik dhahar kanthi manasuka.
Miturut sejarahipun siam punika sanes prekawis enggal. Bangsa Mesir kina ngawontenaken siam ing dinten riaya agung. Bangsa Cina ugi siam ing riaya ageng ingkang dipun anggep kramat. Bangsa Yunani Kuno nindakaken siam saderengipun maju ing perang. Tiyang-tiyang Yahudi sami nindakaken siam nalika nandang dukita. Kathah bangsa ingkang nganggep siam punika minangka srana kagem ngluwari hawa nepsu kadonyan. Menawi sadaya punika wau saged luwar kanthi siam, tiyang kanthi kapitadosan ageng saged pinuju ing Gusti. Sanadyan siam punika nggadhahi tata cara adat lan sejarah ingkang maneka warni (magis, etis, lan agami), miturut adat lan kabudayan masyarakat, sejatosipun tata cara siam punika nggadhahi wujud ingkang seragam. Wonten ing makalah punika siam badhe dipunandharaken saking perspektif agami. Amargi aliran agami punika maneka warni, mila wonten ing makalah punika namung badhe dipunandharaken saking agami Islam lan Katolik Roma.
Agami Islam minangka agami mayoritas ing Indonesia sampun nggadhahi tata cara siam piyambak. Makaten ugi agami Katolik gadhah tata cara piyambak. Wonten ing jaman sapunika, adhedhasar pamanggih kalih agami punika asring dipunwontenaken dialog iman. Makalah punika ugi badhe ngandharaken babagan dialog, langkung-langkung babagan siam.
AMAL IBADAH
Hai orang-orang yang beriman, diwajibkan atas kamu berpuasa sebagaimana diwujudkan atas orang-orang sebelum kamu, agar kamu bertaqwa.
(Al Baqarah:183)3

Wonten ing agami Islam, siam (shaum) punika dados ibadah kados dene ibadah-ibadah ingkang sanes ingkang nggadhahi gegayuhan minangka salah satunggaling cara kangge ngraketaken pasrawungan kaliyan Gusti Allah SWT (ketaqwaan). Gegayuhan sanesipun inggih punika kangge njagi dhiri supados saged luwar saking bebaya ingkang damel rugi piyambakipun utawi tiyang sanes. Babagan punika dipunkiyataken tegesipun wonten ing tembung Islam piyambak ingkang ngemu teges ibadah, nindakaken punapa ingkang sampun dados kwajibanipun dhateng Gusti.
Salah satunggaling wujud siam ingkang nggadhahi papan lan wekdal ingkang mirunggan inggih punika siam nalika wulan Ramadhan, siam kanthi boten dhahar lan ngunjuk sedinten dangunipun. Miturut Wahbah az-Zuhaili, Mufti (Ahli Fikih), siam sacara Islam inggih punika njagi dhiri saking sadaya hawa nepsu (syahwat), sadaya tetedhan, unjukan, obat, ingkang kawiwitan saking mletheking srengenge dumugi angslupipun. Siam ing bada Arab Saum utawi Siyam, tegesipun Imsak (njagi dhiri) saking sadaya punapa kemawon.
Miturut sejarahipun, siam punka dipun pendhet saking ritus Yahudi, Yom Kippur. Nanging amargi wonten crah kaliyan agami Yahudi, ritus siam punika ugi ical. Salajengipun nabi Muhammad mendhet saking ritus Arab kina ingkang sampun dipunmurnekaken, lan nggadhahi ancasan kangge srana pamartobat ing salebeting mangsa Ramadhan. Siam Ramadhan punika salah satunggaling kwajiban tiyang muslim ingkang purun boten purun kedah dipuntindakaken, kejawi wonten alangan ingkang mirunggan. Islam gadhah kapitadosan bilih siam punika kados “Pawiyatan Luhur” ingkang badhe nyithak manungsa ingkang sampurna, amargi wonten ing lampahipun dipuntuntut supados langkung mangertosi dhiri pribadi, sesami, lan Gusti piyambak ingkang Akarya Jagad kanthi salebeting manah. Menawi makaten kadadosanipun, ing tembe wingking manungsa saged ngangkat martabatipun sesami manungsa lan kasil anggenipun nggayuh kamulyan minangka probadi ingkang unggul (insan kamil). Nabi Muhammad SAW minangka tuladha insan kamil sampun nate ngandika : “Elinga marang ngelih lan ngelakmu ana ing sasi kang suci iki nalika Dina Kiamat ing tembe. Padha sedhekaha marang wong kang papa cintraka, para fakir miskin. Mulyakna wong kang luwih tua lan tresnana marang kang luwih enom, raketa ing paseduluran, dijaga pangucapmu, dijaga paningalmu saka barang-barang kang ora pantes kok sawang, dijaga talinganmu saka rerungon kang ora pantes kok rungokake ….”4
Kautaman ingkang dipunuri-uri dening umat Islam srana siam punika wonten sekawan warninipun. Ingkang sepisan kangge srana piwucalan supados tansah tuhu setya marang Gusti. Kaping kalih srana nggegulang jiwa saperlu tahan diri anggenipun ngadhepi hawa nepsu. Kaping tiga srana nuwuhaken rasa asih tresna lan rasa paseduluran tumrap sesami, saengga saged tansah paring pitulungan tumrap sesami ingkang taksih kekirangan. Kaping sekawan syukur awit Gusti sampun paring tuntunan kagem manungsa saperlu martobat.

MBANGUN PAMARTOBAT SEJATI
Pasamuwan Katolik paring aturan bilih umat ingkang wajib sesirik inggih punika ingkang yuswanipun 14 tahun minggah, lan ingkang wajib nindakaken siam inggih punika umat ingkang yuswanipun 18 tahun minggah. Wajib siam lan sesirik nalika riaya Rebo Awu lan Jumuwah Adi, lan wajib sesirik saben dinten Jumuwah salebeting mangsa Pra Paskah.5 Tradisi punika mbok bilih dipuntindakaken saperlu nuladha Gusti Yesus piyambak ingkang nindakaken siam 48 dinten dangunipun.
Siam punika ngemu teges dhahar wareg sepisan ing sedinten, lan sesirik tegesipun nyiriki salah satunggal utawi langkung tetedhan utawi kabetahan kamewahanipun, kadosta sesirik sarem, sesirik jajan, sesirik rokok, sesirik daging, lsp. Mila dening umat piyambak utawi agami sanes siam sacara Katolik punika katingal gampil, mbok bilih wonten ingkang paring pangandikan bilih siam punika sanes wonten tegesipun. Ananging sanadyanta katingal gampil, sejatosipun ngemu teges ingkang lebet, gumantung dhateng tiyang ingkang nindakaken. Pasamuwan Katolik paring pitedah bilih siam lan sesirik punika ngemu teges mbangun sikap pamartobat sejati. Sikap pamartobat punika langkung sejati menawi dipun tindakaken kanthi spontan, kanthi tulusing manah, saestu murni saking salebeting manah. Mila sanes wonten unsur “wajib” lan sanes sesarengan, nanging langkung spesifik lan pribadi. Wonten kwajiban sakedhik, lan salajengipun umat Katolik kasuwun nemtokaken piyambak punapa ingkang dados niyat lan pamartobatipun. Inggih babagan punika katingal sanes teratur lan sanes seragam, nanging sadaya punika wau gumantung umat ingkang nindakaken siam lan sesirik punika. Inggih kados makaten sikapipun Pasamuwan Katolik ingkang Apostolik.
Siam lan sesirik punika sacara resmi 40 dinten saderengipun Riaya Adi Paskah (Pra Paskah), kawiwitan saking Rebo Awu lan dipunpungkasi Jumuwah Adi. Salajengipun siam lan sesirik punika dipun uri-uri kanthi semangat pamartobat, gesang ingkang prasaja, lan solidaritas kangge para tiyang miskin papa cintraka. Mila dipunwontenaken Aksi Puasa Pembangunan (APP), inggih punika saben kluwarga, lingkungan, utawi kelompok sanesipun dipun paringi kothak saperlu nyisihaken dana. Dana punika lajeng dipunkempalaken nalika Jumuwah Adi, lan dipunpasrahaken dhateng Paroki ingkang samangke badhe dipunkempalaken dhateng Keuskupan. Dana punika dipunatur kangge biaya sosial ing satunggal tahun.

GANDHENG RAKETIPUN
Bilih punapa siam ingkang dipuntindakaken dening umat Islam ing Indonesia katingal langkung awrat tinimbang sacara Katolik? Menawi kita pirsani sadaya, mila kita perlu mangertosi konteks tradisi lan sejarahipun.
Tradisi siam ing Islam, kados ingkang sampun kaserat, inggih punika ngrembaka ing tlatah Arab dening nabi Muhammad. Arab punika papan ara-ara samun, papan ingkang kathah awu, pasir, lan hawanipun panas. Mangsa rendheng asring boten dipunraosaken. Amargi papan punika benter sanget, toya lan tetedhan langkung awrat dipunpadosi, mila para warginipun namung saged ngunjuk lan dhahar sabetahipun. Para wargi Arab menawi nindakaken siam sampun limrah menawi namung dhahar lan ngunjuk sepisan sedinten, amargi kaanan alam ing papan punika ingkang damel tata caranipun gesang masyarakat kados makaten.
Kados pundi ing Indonesia? Indonesia punika papan ingkang langkung subur, gemah ripah loh jinawi katimbang negari Arab. Dedhaharan lan toya langkung gampil dipun padosi, mila anggenipun dhahar lan ngunjuk boten kados ing tlatah Arab, saged kaping tiga sedintenipun. Siam sacara Islam dipunpendhet saking Arab, mila kedah ngunjuk lan dhahar sepisan sedinten. Mila anggenipun siam sacara Islam punika katingal awrat bilih dipuntindakaken umat Islam ing Indonesia.
Kados pundi siam sacara Katolik ing Indonesia ingkang katingal langkung gampil? Siam sacara Katolik ngrembaka ing tlatah Eropa. Iklim ing Eropa punika nggadhahi sekawan warni mangsa, inggih punika mangsa asrep, panas, gugur, lan semi. Benten kaanan iklimipun kaliyan Arab ingkang langkung dipundominasi panas. Toya ugi dedhaharan langkung gampil dipunpadosi, mila para warga ing tlatah Eropa punika nggadhahi tata cara dhahar kaping tiga sedinten. Siam ingkang dipuntindakaken boten saged kados bangsa Arab, mila namung saged ngirangi porsi dhaharipun. Kangge tiyang Eropa babagan punika katingal langkung awrat, amargi ngirangi porsi dhahar ingkang sampun tumata punika kedah ngewahi ritme dhaharipun, langkung-langkung para warga mbetahaken daya langkung kathah saperlu gesang ing iklim sekawan mangsa punika.
Ing Indonesia anggenipun siam kanthi ngirangi dhahar boten dados prekawis ingkang mirunggan, amargi sampun tumata kados makaten, ugi daya ingkang dipunbethaken kangge gesang ing kalih mangsa, rendheng lan ketiga, boten kados ing Eropa, ingkang kedah ekstra. Punapa malih siam namung dipuntindakaken saben dinten Jumuwah kemawon. Mila, siam sacara Islam ingkang katingal limrah lan gampil wonten ing Arab, dipunraosaken awrat dening umat Islam ing Indonesia. Kosok wangsulipun, siam sacara Katolik ingkang katingal awrat ing tlatah Eropa, kangge umat Katolik ing Indonesia katingal langkung gampil. Mila, kanthi kaanan makaten sejatosipun boten sah dipun bandhingaken, lan namung dipunbetahaken sikap ingkang pangerten ugi paring urmat kangge umat ingkang sami nindakaken ibadah siam.


ATUR WASANA
Kanthi mirsani sesarengan punapa ingkang sampun kaserat wonten ing makalah punika, kita tansah mangertosi bilih saben agami kagungan tradisi siam lan sesirik kanthi maneka warni saturut kaliyan kapitadosan lan semangatipun piyambak-piyambak. Miturut sejarahipun ibadah siam sampun dipunleksanani langkung kalih ewu thaun kapengker, lan dumugi sapunika siam taksih dipun gegulang supados jiwa tansah murni nuju ing Gusti. Mila babagan siam punika nggadhahi kautaman gesang ingkang luhur, kados saged damel tiyang sanes tansah paring pitulungan tumrap sanesipun.
Saged dipun bundheli bilih babagan siam lan sesirik punika sami ngemu teges ingkang memper satunggal lan sanesipun, inggih punika sageda tansah njagi sikap dhiri. Mila srana babagan punika pangajeng-ajengipun kita tansaha nggadhahi sikap ngurmati kagem sok sinten kemawon ingkang nindakaken siam lan sesirik (apresiasi). Sikap ingkang apresiatif punika saged dipun tindakaken kanthi tinarbuka lan andhap asor, sakirang-kirangipun kanthi nahan dhiri sanes damel godha (damel raos luwe lan ngorong) dhateng sesami ingkang nembe nindakekan siam punika. Kita kedah mujudaken kautaman-kautaman luhur ingkang saestu nyata ing salebeting ibadah siam lan sesirik punika.
Ing jaman sapunika, kanthi semangat siam lan sesirik kita sageda tansah wicaksana anggenipun migunakaken samubarang kagunganipun piyambak-piyambak, supados sanes dhawah wonten ing sikap konsumtif. Sikap konsumtif punika ngemu teges remen bilih mundhut samubarang ingkang kirang paedahipun tumrap agesang, namung kangge obsesi supados katingal dhuwur drajat pangkatipun. Kejawi punika kita ugi dipunaturi saged migatosaken kabethanipun sesami, supados kita sanes tansah dados omnivora ingkang nedha sadaya lan punapa kemawon, tanpa caos kawigatosan tumrap sesami.




KAPUSTAKAN

Depag RI.
Proyek Pengadaan Kitab Suci Al-Quran Al-Quran dan Terjemahannya. Jakarta. 1978 .

Mukti Ali
Beberapa Persoalan Agama Dewasa Ini, Jakarta, Rajawali Pers, 1987.

Paus Yohanes Paulus II.
Kitab Hukum Kanonik. Jakarta, sekretariat KWI. 2006.

Padjar Muthahhar.
Puasa Dalam Lintasan Agama-Agama. http://telagahikmah.org/id 13 September 2007.

Said Muniruddin Azzahir.
Puasa Dalam Berbagai Agama http://www.serambinews.com 19 September 2007.

W.J.S. Poerwadarminta.
Baoesastra Djawa. J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij, Groningen Batavia. 1939.

Yadi Purwanto, MM.
Puasa dan Manfaat Psikologis. http://psikologi.ums.ac.id 16 Mei 2004.

Zaenal Aibidin EP.
Puasa Dalam Lintasan Pelbagai Agama. http://www.icrp-online.org 28 Mei 2007.

No comments: